UN staff, including eight OHCHR colleagues, detained in Yemen
OHCHR calls for their immediate release.
SOURCE
United Nations Information Centre, Indonesia
TOTAL SPEAKERS
USAGE BY COUNTRY (OFFICIAL LANGUAGE)
Home Speakers: Indonesia, Malaysia, Surinam, JavaBACKGROUND
It belongs to the Austronesian (Malayo-Polynesian) family, Indonesian group, and is spoken by over 70 million people, chiefly in central and eastern Java. The Javanese dialect spoken in Yogyakarta (Jogja) or Surakarta (Solo) in central Java is considered the standard Javanese because they were, historically speaking, the capital cities of the Javanese culture. It is actually a multi-level language where the level spoken is in direct relationship to the social status or politeness required between the individual speakers. In other words, Javanese is known for having two "status styles" of expression: regular (shown in dictionaries as N for Ngoko) and respect (K for Krama, pronounced "kromo"). There are about 900 Krama words that are used in a respect style. In addition, about 500 modesty (KI for Krama Inggil) words can be mixed into the regular or respect styles. There are also a smaller number of middle (Madya, pronounced "madyo") words that sit between the regular and respect styles. The language of religion is called "Jawa Halus" (High Javanese) and many words are based on Sanskrit and Kawi, an old literary language. Both Latin and traditional Jawi (Arabic) scripts are used.Saben umat manungsa lair kanthi hak-hak kang podho lan pinasthi lan kanthi kabebasan-kabebasan ing bakuning angger-angger (wewaton = undang-undang). Perserikatan Bangsa-Bangsa darbe komitmen (tekad nglaksanakake maujude janji lan kasaguhane) kanggo junjung luhur, nggrengsengake lan ngayomi hak-hak asasi umat manungsa marang saben pribadi (individu). Komitmen kasebut ingayatan saka Piagam Perserikatan Bangsa-Bangsa kang nukulake kamantepaning kayakinan para bangsa sa-donya tumrap hak-hak asasi umat manungsa ing bakuning paugeran sarta tumrap martabat lan ajining kamanungsan. Ing Pranyatan Umum ngenani Hak-Hak (umat) Manungsa, Perserikatan Bangsa-Bangsa nandhesake kanthi terwoco lan prasoja, hak-hak kang dadi darbeke saben uwong kanthi adil. Hak-hak kasebut, nyata dadi darbekmu kabeh. Kabeh mau, iyo hakmu. Kenali lan pahamana hak-hak kasebut. Supaya kasengkuyung mbiwarakake lan nglestarekake kanggo paugeran dhiri pribadhi sarto kanggo sapepadhane umat manungsa liyane.
MANIMBANG manowo ngakoni marang martabat alamiah sarta hak-hak kang padha lan pinasthi ing saben warganing kulawarga umat manungsa, mujudake landhesaning kamardikan, kaadilan sarta bedhamening donya.
MANIMBANG menawa nyingkur lan nganggep remeh hak-hak umat manungsa bisa njalari tandang tanduk kasar lan wengis kang nuwuhake rasa runtik atine umat manungsa, lan kabangune donya dadi papaning umat manungsa bisa ngrasakake lan ngalami nikmating bebas medhar panemu lan bebas ngrasuk agama sarta kalis saka rasa wedi lan was-sumelang sarta urip kacingkrangan, kapratelakake dadi pranyatan minangka dadi gegayuhan luhur sakabehing umat manungsa lumrah (kawula alit).
MANIMBANG manawa hak-hak umat manungsa perlu antuk pangayoman kanthi pranatan lan tatanan angger-angger (undang-undang), amrih saben uwong ora kepeksa milih nglawan (mbrontak) minangka kupiyo kang pungkasan anggone ngrekodaya kanggo nglawan marang tindak daksiya lan panjajahan.
MANIMBANG manawa mekaring pamerdi panggulowenthahing sambung pamitran ing antaraning para bangsa saben negara perlu lan wigati dirembakakake.
MANIMBANG manawa para bangsa ing Perserikatan Bangsa-Bangsa, ing sajroning Piagam Perserikatan Bangsa-Bangsa, wus padha mratelakake kanthi tandhes anggone ngugemi marang hak-hak kang baku umat manungsa, marang martabat lan ajining pribadine umat, lan marang hak-hak priya lan wanita kang sadrajat lan padha, sarta wus gawe putusan bakal nyengkuyung majuning sosial sarta ajining urip amrih saya luwih becik, kanthi kamardikan kang omber lan jembar tebane.
MANIMBANG menawa Negara-Negara Anggota wus ikrar lan prajanji bakal nggayuh kang saya maju anggone ngajeni lan ngurmati ajining umum marang hak-hak asasi umat manungsa sarta rasa bebas kang asasi (kanthi paugeran) ing ujuding sambung makarya klawan Perserikatan Bangsa-Bangsa.
MANIMBANG manawa kanthi manunggaling pangerten ngenani hak-hak lan tumindak kanthi bebas kasebut, perlu banget, kanggo ngleksanani janji kanthi temen, mulo,
MAJELIS UMUM
mbiwarakake
PRANYATAN UMUM NGENANI HAK-HAK ASASI (UMAT) MANUNGSA
minangka sawijining paugeran umum kanggo kasiling gegayuhan saben bangsa lan saben negara, dene kang katuju supaya saben uwong lan saben bebadan ing satengahing bebrayan (masyarakat), kanthi tansah eling lan ngugemi Pranyatan iki, tansah mersudi ngadani panggulowentah supaya rasa ngajeni lan ngurmati hak-hak sarta urip bebas kasebut saya mekar ngrembaka. Sarta kanthi reka daya progresip kang asipat nasional lan internasional, bisa nanggung wujuding kasaguhan ngakoni lan anggone asung pakurmatan kanthi universal lan efektif, iya saka bangsa-bangsa ing Nagara-Nagara Anggota, kalebu bangsa-bangsa ing laladan kang kabawah panguwasaning angger-anggere (wewaton = undang-undang).
Saben uwong kalairake kanthi mardika lan darbe martabat lan hak-hak kang padha. Kabeh pinaringan akal lan kalbu sarta kaajab pasrawungan anggone memitran siji lan sijine kanthi jiwo sumadulur.
Saben uwong darbe hak tumrap hak lan kebebasan-kebebasan kang tinulis ing Pranyatan Umum iki tanpa pilih kasih, kabeh warata lan adil ing samubarang, kayata: beda bedaning ras, warnaning awak (walulang), beda-bedaning lanang lan wadon, basa, agama, politik lan panemu liyane, asal usul suku bangsa lan bebrayan, hak darbe, tatalair lan kalungguhan liyane.
Sakbanjure,ora bakal ana prabedane tumrap kalungguhan politik, angger-angger (undang-undang) utowa kalungguhan internasional saka negara utowa laladan asal usuling sawijinging uwong, sanadyan saka negara mardika, laladan-laladan ing panguwasaning wali, jajahan utawa kang winengku ing kawasaning liyan.
Saben uwong nduweni hak ingatasing uripe, bebasing uripe lan kaslametane minongko pribadi (individu).
Ora keno sawijining uwong didadekake budhak utawa batur, maujuding budhak lan batur tukon kanthi ujud apa wae dadi larangan.
Ora kena sawijining uwong disiyo-siyo ing siksa, utawa nandhang tindak kejem, dipatrapi utawa nampa pidono kang ora kaya lumrahing umat manungsa utowo siningkur karemehake.
Saben uwong darbe hak tumrap paseksi ing sajroning angger-angger (undang-undang) minongka umat manungsa sacara pribadi ing endi wae papan dununge.
Ngadepi hukum, kabeh duwe hak padha lan darbe hak oleh pengayoman angger-angger sing padha, tanpo dibedak-bedakake. Kabeh duwe hak ingayoman sing padha marang tumindak mbedak-mbedakake (diskriminasi) kang ora cundhuk (cocok) karo Pranyatan iki, lan marang sawernaning pamilut (ngojok-ojoki) sing tumuju marang tumindak diskriminasi kasebut.
Saben uwong nduweni hak kapulihake kanthi trep saka sesambungane kapatrapan pengadilan nasional tumrap tidak-tanduk kang nalisir saka hak-hak baku kang dening angger-angger (undang-undang) kapasrahake dadi hake.
Ora ana siji wae uwong kang kena ditangkep, ditahan utawa kasingkirake kanthi sawenang-wenang.
Saben uwong, kanthi nduweni drajad padha ing satemene, darbe hak tumrap pangadilan kang adil lan tinarbuka dening pangadilan kanthi bebas lan ora bot-sih, ing babagan netepake hak lan kuwajiban-kuwajiban sarta ing sajroning nampa saben ancaman pidana kang ditetepake marang saben uwong.
Ora ana uwong siji wae kang kena diregoni hak pribadine, kulowargane, bale wismane utowa sesambungane nampa lan ngirim layang kanthi sawenang-wenang; uga marang hak pakurmatan lan ajining diri. Saben uwong ndarbeni hak kaayoman dining undang-undang awit saka anane gangguan utowo tindak nalisir mangkono iku.
Saben uwong darbe hak bebas duwe panemu, kalbu lan agama. Ing babakan iki kalebu hak bebas ganti agama lan kapitayan, lan hak bebas kanggo anekseni agamane utawa kapitayane, kanthi cara anggelar piwulang, nglakoni, laku ibadhah lan setya tuhu ngugemi percayane, kanthi cara pribadi utowo bebarengan karo uwong liyane, ing ngedhengan (ngareping umum) utowo pribadi.
Saben uwong darbe hak ingatase hak bebas mratelakake panemume, kalebu duwe hak bebas darbe panemu tanpo diregoni/diganggu, lan kanggo ngupaya, nampa sarta mratelakake informasi lan pamikiran penemune lumantar media apa wae kanthi tanpa mawas watesing wewengkon laladan.
Saben uwong, minangka warganing bebrayan (masyarakat) anduweni hak ingatase jaminan sosial, sarta darbe hak amrih kaleksanane hak-hak ekonomi, sosial lan budaya sing dadi kaperluwan martabate sarta mekaring pribadine kanthi bebas, lumantar rekadaya nasional utawa karya pamitran internasional, condhong marang tata pranatane lan sumber dayaning Nagara.
Saben uwong nduwe hak ngaso lan libur, kelebu pranataning wanci nyambut gawe kang murwat lan dina libur kang pantes kanthi wewaton tumata, lan tetep nampa
opah/pituwasing karya.
Saben uwong darbe hak ingatase pranatan sosial nasional lan internasional, salaras karo hak-hak lan kabebasan-kabebasan kang kamot ing Pranyatan iki bisa kanthi temen maujud.
Ora ana siji wae isi sajroning Pranyatan iki kena katapsir menehi kalodhangan marang sawijining Nagara, paguyuban utawa pribadi, kang awujud hak supaya oleh utawa murihake antuk pakaryan apa wae, utawa nglakoni tumindak kanthi tujuwan ngrusak hak-hak lan kabebasan-kabebasan wujud apa wae kang kapacak ing sajroning Pranyatan iki.